Jumat, 14 Agustus 2009

Cerita pilihan - Babad Tanah Jawa Bagian Pertama

"Babad Tanah Djawi"
Bagian Pertama
Gubahanipun/ digubah oleh L. VAN RIJCKEVORSEL Directeur Normaalschool Muntilan Kabantu/ dengan dibantu oleh R.D.S. HADIWIDJANA Guru Kweekschool Muntilan Pangecapan J.B. Wolters U.M. Groningen - Den Haag - Weltervreden – 1925
Pérangan Kang Kapisan Babad Jawa Wiwit Jaman Indhu tumekané Rusaking Karajan Majapahit Abad 2 utawa 3 - Abad 16 = Bagian Pertama Babad Jawa mulai dari jaman Hindu hingga runtuhnya Kerajaan Majapahit (abad 2 atau 3 hingga abad 16) Bab 1 Karajan Indhu ing Tanah Jawa Kulon (wiwit abad 2 utawa 3) = Bab1 Kerajaan Hindu di Tanah Jawa Barat (abad 2 atau 3) Kang wus kasumurupan, karajané bangsa Indhu ana ing Tanah Jawa, kang dhisik dhéwé, diarani karajan "Tarumanagara" (Tarum = tom. kaliné jeneng Citarum). = Seperti sudah dikenal, kerajaan Hindu di Tanah Jawa yang petama kali bernama "Tarumanagara" (Tarum = tom, nama sungai Citarum). Karajan iku mau dhèk abad kaping 4 lan 5 wis ana, déné titi mangsaning adegé ora kawruhan. Ratu ratuné darah Purnawarman. Mirit saka gambar gambar kembang tunjung kang ana ing watu watu patilasan, darah Purnawarman iku padha nganggo agama Wisnu. = Kerajaan tersebut sudah dikenal pada abad 4 dan 5, sementara kapan berdirinya belum diketahui secara pasti. Raja-rajanya bergelar Purnawarman. Mengacu gambar kembang tunjung yang tertulis di beberapa prasasti, para raja Purnawarman tersebut beragama Wisnu. Ing tahun 414 ana Cina aran Fa Hien, mulih saka enggoné sujarah menyang patilasané Resi Budha, ing tanah Indhu Ngarep mampir ing Tanah Jawa nganti 5 sasi. Ing cathetané ana kang nerangaké mangkéné : = Pada tahun 414 ada seorang Cina bernama Fa Hien, pulang dari ziarah tempat asal Budha di tanah India mampir ke tanah Jawa selama 5 bulan. Di dalam catatannya diterangkan seperti berikut: 1. Ing kono akèh wong ora duwé agama (wong Sundha), sarta ora ana kang tunggal agama karo dhèwèkné: Budha. 2. Bangsa Cina ora ana, awit ora kasebut ing cathetané. 3. Barengané nunggang prahu saka Indhu wong 200, ana sing dedagangan, ana kang mung lelungan, karepé arep padha menyang Canton. = 1. Di tempat ini banyak orang (orang Sunda) tidak beragama dan tidak ada seorangpun yang beragama sama dengan dirinya (Budha). 2. Orang-orang Cina belum ada, karena tidak disebutkan dalam catatannya. 3. Penumpang yang bersama naik perahu dengannya dari India sebanyak 200 orang, ada yang bertujuan dagang, ada yang sekedar bepergian ke daerah "Canton". Yèn mangkono dadi dalané dedagangan saka tanah Indhu Ngarep menyang tanah Cina pancèn ngliwati Tanah Jawa. Ing Tahun 435 malah wis ana utusané Ratu Jawa Kulon menyang tanah Cina, ngaturaké pisungsung menyang Maharaja ing tanah Cina, minangka tandhaning tetepungan sarta murih gampang lakuning dedagangan. = Dengan demikian route perdagangan dari tanah India menuju Cina tentu akan melewati tanah Jawa. Pada tahun 435 ada utusan Ratu Jawa Barat ke negri Cina, menyampaikan pesan ke Maharaja di Cina untuk tanda persahabatan dalam rangka meningkatkan arus perdagangan. Karajan Tarumanagara mau ora kasumurupan pirang tahun suwéné lan kepriyé rusaké. Wong Indhu ana ing kono ora ngowahaké adat lan panguripané wong bumi, awit pancèn ora gelem mulangi apa apa, lan wong bumi uga durung duwé akal niru kapinterané wong Indhu. Ewa déné meksa ana kaundhakaning kawruhé, yaiku mbatik lan nyoga jarit. = Kerajaan Tarumanegara tersebut tidak ketahuan berapa lama berdirinya dan bagaimana kejadian runtuhnya. Keberadaan pendatang dari India tidak merubah adat & tradisi orang-orang pribumi, karena memang tidak ada niatan mereka untuk mengajari serta orang pribumi belum mampu meniru kepintaran orang India. Namun ada beberapa kelebihan orang pribumi yang diketahui seperti keahlian batik & membuat kain jarit. Bab 2 Karajan Indhu ing Jawa Tengah (abad kaping 6) Mirit saka: 1. Cathetané bangsa Cina 2. Unining tulisan tulisan kang ana ing watu watu lan candhi 3.Cathetané sawijining wong Arab, wis bisa kasumurupan sathithik sathithik mungguh kaananing wong Indhu ana ing Tanah Jawa Tengah dhèk jaman samono. = Bab 2 Kerajaan Hindu di Tanah Jawa (abad 6) Menurut data: 1. Catatan orang Cina 2. Pernyataan dalam prasasti-prasasti dan candi 3. Catatan seorang warga Arab, dengan demikian dapat diketahui dikit demi sedikit keadaaan masyarakat Hindu di Tanah Jawa Tengah pada jaman tersebut. Nalika wiwitané abad kang kanem ana wong Indhu anyar teka ing Tanah Jawa Kulon. Ana ing kono padha kena ing lelara, mulané banjur padha nglèrèg mangétan, menyang Tanah Jawa Tengah. = Ketika awal abad 6 ada orang Hindu datang di Tanah Jawa Barat. Diceritakan di tempat tersebut masyarakatnya sedang terkena wabah penyakit, yang mendorong mereka hijrah ke timur ke daerah Jawa Tengah. Wong Jawa wektu samono, isih kari banget kapinterané, yèn ditandhing karo wong Indhu kang lagi neneka mau; mulané banjur dadi sor-sorané. Wong Indhu banjur ngadegaké karajan ing Jepara. = Orang pribumi Jawa jaman tersebut masih ketinggalan jauh kepandaiannya dibanding orang-orang Hindu pendatang, makanya kebanyakan jadi abdinya. Orang-orang Hindu selanjutnya mendirikan kerajaan di Jepara. Omah omah padunungané wong Jawa, ya wis mèmper karo omah omahé wong jaman saiki, apayon atep utawa eduk lan wis nganggo képang. Enggoné dedagangan lelawanan karo wong Cina; barang dedagangané kayata: emas, salaka, gading lan liya liyané. = Kondisi rumah hunian pribumi Jawa sebenernya mirip dengan rumah jaman sekarang dengan atap ijuk dan dinding anyaman bambu. Banyak barang dagangan dengan orang Cina seperti wujud emas, perak, gading dan sebagainya. Cina cina ngarani nagara iku Kalinga, besuké, ya diarani: Jawa. Karajan mau saya suwé saya gedhé, malah nganti mbawahaké karajan cilik cilik 28 (wolu likur). Wong Cina uga nyebutaké asmané sawijining ratu putri: Sima; dikandakaké becik banget enggoné nyekel pangrèhing praja (tahun 674). = Orang Cina menyebut negri tersebut sebagai Kalinga untuk kemudian dinamai "Jawa". Kerajaan tersebut makin lama membesar hingga membawahi sejumlah 28 kerajaan kecil. Orang Cina pernah menceritakan nama seorang ratu bernama Sima yang dikenal sangat baik dalam pemerintahannya (tahun 674). Tulisaning watu kang ana ciriné tahun 732, dadi kang tuwa dhéwé, katemu ana sacedhaké Magelang, nyebutaké, manawa ana ratu kang jumeneng, jejuluk Prabu Sannaha, karajané gedhé, kang klebu jajahané yaiku tanah tanah Kedhu, Ngayogyakarta, Surakarta lan bokmenawa Tanah Jawa Wétan uga klebu dadi wewengkoné karajan iku. = Tulisan di satu prasasti tahun 732 tergolong paling tua yang ditemukan dekat Magelang, menceritakan raja yang bertahta waktu itu bernama Prabu Sannaha, kerajaannya besar meliputi wilayah jajahan tanah Kedhu, Yogyakarta, Surakarta dan mungkin sebagigan jawa Timur masuk dalam pemerintahannya. Mirit caritané, karajan kang kasebut iku tata tentrem banget kaya kang kasebut ing tulisan kang katemu ana ing patilasan: Nadyan wong wong padha turu ana ing dalan dalan, ora sumelang, yèn ana bégal utawa bebaya liyané. = Sesuai cerita, kondisi kerajaan tersebut sangat sejahtera seperti tertulis dalam satu prasasti yang berbunyi "meskipun orang-orang tidur di jalanan, tidak merasa khawatir kalau ada perampok atau bahaya lainnya. Mirit kandhané sawijining wong Arab, dhèk tengah tengahané abad kang kaping sanga, ratu ing Tanah Jawa wis mbawahaké tanah Kedah ing Malaka (pamelikan timah). = Menurut cerita salah seorang warga Arab, di tengah abad 9 raja di Tanah Jawa sudah mampu memperluas kekuasaannya sampai tanah Kedah di Malaka (sumber tambang timah). Karajan ing dhuwur iki sakawit ora kawruhan jenengé, nanging banjur ana karangan kang katulis ing watu kang titi mangsané tahun 919, nyebutaké karajan Jawa ing Mataram. Jembar jajahané, mungguha saiki tekan Kedhu, Ngayogyakarta, Surakarta; mangloré tekan sagara; mangétané tekan tanah tanah ing Tanah Jawa Wétan sawatara. Kuthané karan : Mendhangkamulan. = Kerajaan tersebut tidak diketahui pasti kapan berdirinya, namun dari tulisan prasasti tahun 919 menyebutkan nama kerajaan Jawa di Mataram. Luas daerah kekuasaannya meliputi tanah Kedhu, Yogyakarta, Surakarta, hingga pesisir utara dan ke timur hingga Jawa TImur. Pusat ibukotanya bernama Medhangkamulan. Wong Arab ngandhakaké, ana ratu Jawa mbedhah karajan Khamer (Indhu Buri). Sing kasebut iki ayaké iya karajan Mataram mau. Kajaba Khamer, karajan Jawa iya wis mbawahaké pulo pulo akèh. Pulo pulo iku mawa gunung geni. Karajan Jawa mau sugih emas lan bumbu crakèn. Wong Arab iya akèh kang lelawanan dedagangan. = Orang Arab menceritakan ada raja Jawa yang ekspansi hingga kerajaan Khamer (India selatan). Yang dimaksud sepertinya kerajaan Mataram tersebut. Selain Khamer, kerajaan tersebut juga membawahi banyak pulau sepanjang jalur gunung berapi. Kerajaan Jawa tersebut kaya akan emas dan bumbu rempah-rempah. Banyak bangsa Arab yang kerjasama dalam perdagangan. Sabakdané tahun 928 ora ana katrangan apa apa ing bab kaanané karajan Mataram. Kang kacarita banjur ing Tanah Jawa Wétan. Ayaké baé karajan Mataram mau rusak déning panjebluge gunung Merapi (Merbabu), déné wongé kang akèh padha ngungsi mangétan. Ing abad 17 karajan Mataram banjur madeg manèh, gedhé lan panguwasané irib iriban karo karajan Mataram kuna. = Setelah tahun 928, tidak ada keterangan apa-apa lagi tentang keadaan kerajaan Mataram. Cerita berikutnya berlanjut di Tanah Jawa Timur. Sepertinya kerajaan Mataram tersebut rusak akibat meletusnya gunung Merapi (Merbabu), dimana banyak orang yang hijrah mengungsi ke arah timur. Pada abad 17, kerajaan Mataram berdiri kembali, besar dan kekuasaannya mirip dengan Mataram kuno. Agamané wong Indhu sing padha ngejawa rupa rupa. Ana ing tanah wutah getihe dhéwé ing kunané wong Indhu ngèdhep marang Brahma, Wisnu lan Syiwah, iya iku kang kaaranan Trimurti. Kejaba saka iku uga nembah marang déwa akèh liya liyané, kayata: Ganésya, putrané Bethari Durga. Manut piwulangé agama Indhu pamérangé manungsa dadi patang golongan, yaiku: - para Brahmana (bangsa pandhita) - para Satriya (bangsa luhur) - para Wesya (bangsa kriya) - para Syudra (bangsa wong cilik) = Agama orang-orang Hindu beragam alirannya. Sesuai asal-usulnya penganut Hindu menyembah dewa Brahma, Wisnu dan Syiwa yang disebut sebagai Trimurti. Namun ada juga yang menyembanga dewa lainnya seperti Ganesya putra Bethari Durga. Sesuai dengan ajaran agama Hindu, derajat manusia dikelompokkan dalam 4 golongan yaitu: - para Brahmana (para pendeta) - para Satriya (derajat luhur = para pemerintah, prajurit) - para Wesya (para pekerja) - para Syudra (rakyat jelata) Piwulangé agama lan padatané wong Indhu kaemot ing layang kang misuwur, jenengé Wedha. Kira kira 500 tahun sadurungé wiwitané tahun Kristen, ing tanah Indhu ana sawijining darah luhur peparab Syakya Muni, Gautama utawa Budha. Mungguh piwulangé gèsèh banget karo agamané wong Indhu mau. Resi Budha ninggal marang kadonyan, asesirik lan mulang muruk marang wong. Kajaba ora nembah dewa dewa, piwulangé: sarèhné wong iku mungguhing kamanungsané padha baé, dadiné ora kena dipérang patang golongan. = Ajaran agama dan tata cara Hindu tertulis dalam kitab Weha. Kira-kira 500 sebelum tahun Kristen, di India ada leluhur bernama Syakya Muni, Gautama atau Budha. Ajarannya agak bertentangan dengan ajaran Hindu. Resi Budah tersebut menghindar atau meninggalkan urusan dunia tapi lebih untuk mengajari umat. Selain tidak menyembah dewa, ajarannya juga menjunjung tinggi nilai kemanusiaan jadi tidak setuju dengan pembagian derajat manusia menjadi 4 golongan. Para Brahmana Indhu mesthi baé ora seneng pikire, mulané kerep ana pasulayan gedhé. Ana ing tanah Indhu wong Budha mau banjur peperangan karo wong agama Indhu. Wusana bangsa Budha kalah lan banjur ngili menyang Ceylon sisih kidul, Indu Buri, Thibet, Cina, Jepang. = Para Brahmana Hindu tentu saja tidak senang dengan pemikiran ini maka sering terjadi persengketaan. Di India sana, orang Budha banyak mendapat perlawanan dari penganut Hindu. Penganut Budha yang kalah kemudian hijrah ke Ceylon selatan, India selatan, Thibet, Cina dan Jepang. Mungguh wong agama Indhu iku pangèdêpé ora padha. Ana sing banget olèhe memundhi marang Syiwah yaiku para Syiwaiet (ing Tanah Jawa Tengah); ana sing banget pangèdêpé marang Wisynu, yaiku para Wisynuiet (ing Tanah Jawa Kulon). Kajaba saka iku uga akèh wong agama Budha, nanging ana ing Tanah Jawa agama agama iku bisa rukun, malah sok dicampur baé. = Sementara itu aliran Hindu juga tidak seragam. Ada yang lebih memuja Syiwa bernama Syiwaiet (di Jawa Tengah) dan ada yang lebih memuja Wisnu bernama Wisynuiet (di Jawa Barat). Selain itu banyak penganut Budha di tanah Jawa yang hidup rukun dengan berbagai penganut Hindu tersebut. Petilasané agama Indhu mau saikiné akèh banget, kayata: = Peninggalan agama Hindu banyak sekali seperti: - Candhi candhi ing plato Dieng (Syiwah), iku bokmenawa yasané ratu darah Sanjaya. = kompleks candi Dieng (Syiwa), sepertinya didirikan jaman raja Sanjaya

- Candhi ing Kalasan ana titi mangsané tahun 778, ayaké iki candhi tuwa dhéwé (Budha), yasané ratu darah Syailendra.

= Candi di Kalasan berdiri tahun 778, sebagai candi Budha tertua didirikan jaman raja Syailendra - Candhi Budha kang misuwur dhéwé, yaiku Barabudhur lan Mendut. = Candi Budha yang terkenal yaitu Borobudur dan Mendut

- Candhi Prambanan (Syiwah). Ing sacedhaké Prambanan ana candhi campuran Budha lan Syiwah.

= Candi Prambanan (Syiwa). Di dekat Prambanan banyak candi campuran aliran Budha dan Syiwa

Bab 3 Karajan Ing Tanah Jawa Wétan(wiwitané abad 10 - tahun 1220) = Bab 3 Kerajaan di Tanah Jawa Timur (awal abad 10 - tahun 1220) Ing dhuwur wus kasebutaké yèn Tanah Jawa Wétan, kabawah karajan Indhu ing Mataram; nanging wong Indhu kang manggon ana ing Tanah Jawa Wétan ora pati akèh, yèn katimbang karo kang manggon ing Tanah Jawa Tengah (Kedhu). = Sebelumnya disebutkan jika di Tanah Jawa Timur dibawah kerajaan Hindu Mataram, namun penganut Hindu yang tinggal di Jawa Timur tidak sebanyak yang tinggal di Tanah Jawa Tengah (Kedhu). Marga saka iku wong Indhu kudu kumpul karo wong bumi, prasasat tunggal dadi sabangsa. Ing wiwitané abad 10 ana pepatihing karajan Tanah Jawa Tengah aran Empu Sindhok lolos mangétan. Let sawatara tahun empu Sindhok mau jumeneng ratu ing Tanah Jawa Wétan, karajané ing Kauripan (Paresidhènan Surabaya sisih kidul). Ambawahaké: Surabaya, Pasuruwan, Kedhiri, Bali bok manawa iya kabawah. = Oleh karena itu penganut Hindu musti kumpul dengan orang pribumi, untuk membentuk suatu bangsa/negri. Awal abad 10 ada seorang patih dari kerajaan Tanah Jawa Tengah bernama Empu Sindhok lolos ke daerah timur. Tidak lama kemudian Empu Sindhok bertahta sebagai ratu di Tanah Jawa Timur, kerajaannya bernama Kauripan (wilayah Surabaya selatan). kekuasaannya meliputi Surabaya, Pasuruan, Kediri, dan mungkin termasuk Bali. Enggoné jumeneng ratu tekan tahun 944 lan iya jejuluk Nata ing Mataram. Nata ing Mataram mau banget pangèdêpé marang agama Budha. Empu Sindhok misuwur wasis enggoné ngerèh praja. Ana cathetan kang muni mangkéné: "Awit saka suwéning enggoné jumeneng ratu, marcapada katon tentrem; wulu wetuning bumi nganti turah turah ora karuhan kèhé." = Bertahta sebagai rata hingga tahun 944 dan bergelar Nata di Mataram. Nata di Mataram tersebut lebih dikenal beragama Budha. Empu Sindhok terkenal bijak dalam memerintah negri. Ada catatan yang berbunyi: "Karena terlalu lama bertahta jadi raja, kerajaan jadi sejahteram hasil panen sampai berlimpah ruah. Ing tahun 1010 Erlangga tetep jumeneng ratu, banjur nerusaké enggoné mangun paprangan lan ngelar jajahan. = Di tahun 1010 Erlangga bertahta jadi ratu, kemudian meneruskan perluasan daerah jajahannya Ing tahun 1037 enggoné paprangan wis rampung, negara reja, para kawula padha tentrem. Déné karatoné iya ana ing Kauripan. Sang Prabu Erlangga ora kesupèn marang kabecikaning para pandhita lan para tapa, kang gedhé pitulungané nalika panjenengané lagi kasrakat. = Pada tahun 1037 kegiatan peperangan selesai, negera aman sejahtera, rakyat tentram. Keratonnya berpusat di Kauripan. Prabu Erlangga tidak melupakan kebaikan para pendeta dan pertapa, yang sangat besar jasanya dalam sumbangsih pemikiran. Minangka pamalesing kabecikané para pandhita, Sang Nata yasa pasraman apik banget, dumunung ing sikile gunung Penanggungan. = Sebagai balasan kebaikan para pendeta, sang Prabu mendirikan asrama yang bagus sekali di sekitar kaki gunung Penanggungan. Pasraman mau kinubeng ing patamanan kang luwih déning asri, lan rerenggané sarwa peni sarta endah. Saka ediné, nganti misuwur ing manca praja, saben dina aselur wong kang padha sujarah mrono. = Asrama tersebut dikelilingi taman asri lan hijau pemandangan yang indah. Karena keelokannya hingga terkenal ke luar kerajaan, hampir tiap hari banyak orang yang berkunjung ke sana. Pangadilané Sang Nata jejeg. Wong désa kang nrajang angger angger nagara padha kapatrapan paukuman utawa didhendha. Kècu, maling, sapanunggalané kapatrapan ukum pati. Sang Prabu enggoné nindakaké paprentahan dibantu ing priyagung 4, padha oleh asil saka pametuning lemah lenggahè. = Keadilan dijunjung tinggi oleh sang raja. Orang desa yang melanggar aturan negara mendapat hukuman atau denda. Perampok, maling dan sejenisnya dihukum mati. Sang Prabu dalam memerintah dibantu penasehat 4, yang memperoleh imbalan tanah selama pengabdiannya. Saka enggoné manggalih marang tetanèn yaiku pagawéyaning kawula kang akèh, Sang Nata yasa bendungan gedhé ana ing kali Brantas. Sang Nata uga menggalih banget marang panggaotan lan dedagangan. Kutha Tuban nalika samono panggonan sudagar, oleh biyantu akèh banget saka Sang Prabu murih majuning dedagangan lan lelayaran. Sang Nata yèn sinéwaka lenggah dhampar (palenggahan cendhèk pesagi), ngagem agem ageman sarwa sutra, remané diukel lan ngagem cênéla. Yèn miyos nitih dwipangga utawa rata, diarak prajurit 700. Punggawa lan kawula kang kapethuk tindaké Sang Nata banjur padha sumungkem ing lemah (ndhodhok ngapurancang?). = Karena memikirkan pekerjaan rakyat banyak yaitu bertani, sang Prabu membangun bendungan besar di Kali Brantas. Sang prabu juga memperhatikan tentang perihal perdagangan. Tuban jaman tersebut menjadi pelabuhan yang banyak mendapat bantuan dari raja dalam memajukan dagang dan pelayaran. Sang prabu kalau sedang duduk di singgasana memakai busana serba sutra, rambutnya diukel dan memakai "cenela". Kalau pawai naik gajah atau kuda diiringi 700 prajurit. Punggawa dan rakyat jelata yang berpapasan dengan sang Prabu pada sujud di tanah sambil bersimpuh. Para kawula padha ngoré rambut, enggoné bebedan tekan ing wates dhadha. Omahè kalebu asri, nganggo payon gendhèng kuning utawa abang. Wong lara padha ora tetamba mung nyuwun pitulunganing para dewa baé, utawa marang Budha. Wong wong padha seneng praon lan lelungan turut gunung, akèh kang nunggang tandhu utawa joli. Dhèk samono wong wong iya wis padha bisa njogèt, gamelané suling, kendhang lan gambang. = Rakyat jelata pada menata rambut, memakai pakaian kain sampai batas dada. Rumah-rumah sudah tergolong asri pakai atap genting kuning atau merah. Orang yang sakit tidak mencari obat tapi hanya minta pertolongan para dewa saja atau kepada Budha. Orang-orang banyak yang pergi berlayar atau pergi turun gunung, banyak yang naik tandu atau joli. Jaman tersebut orang-orang udah pada joget, musiknya pakai suling, kendang dan gambang. Karsané Sang Prabu besuk ing sapengkeré kang gumanti jumeneng Nata putrané loro pisan, mulané kratoné banjur diparo: Jenggala (sabageyaning: Surabaya sarta Pasuruwan) lan Kedhiri. Déné kang minangka watesé: pager témbok kang sinebut "Pinggir Raksa", wiwit saka puncaking Gunung Kawi, mangisor, nurut kali Leksa banjur urut ing brangloré kali Brantas saka wétan mangulon tekan ing désa kang saiki aran "Juga", nuli munggah mangidul, terusé kira kira nganti tumeka ing pasisir. Gugur gugurané tembok iku saiki isih ana tilasé, kayata ing sacedhaking kali Leksa, sakulon lan sakiduling kali Brantas, ing watesing afd. Malang lan Blitar. = Sesuai titah sang Prabu, sepeninggal dia yang jadi raja adalah 2 putranya langsung, maka keraton diabgi jadi 2 yaitu Jenggala (Surabaya & Pasuruan) dan Kediri. Sebagai batasnya adalah pagar tembok yang disebut "Pinggir Raksa", mulai dari puncak Gunung Kawi ke bawah, sepanjang alur Kali leksa terus mengikuti Kali Brantas dari timur ke barat hingga desa yang dinamai "Juga", kemudian naik ke selatan hingga pesisir selatan. Bekas tembok tersebut masih ada, seperti di dekat kali Leksa, di sebelah barat dan selatan Kali Brantas di perbatasan kota Malang dan Blitar. Mungguhing babad Jawa jumenengé Prabu Erlangga kaanggep minangka pepadhang sajroning pepeteng, awit rada akèh caritané kang kasumurupan. Kawruh kasusastran wis dhuwur. Layang layangé ing jaman iku tekané ing jaman saiki isih misuwur becik lan dadi teturutaning crita crita wayang. Layang layang mau basané diarani: Jawa Kuna, kayata: 1. Layang Mahabarata 2. Layang Ramayana lan Arjuna Wiwaha. = Untuk cerita babad Jawa, bertahtanya Prabu Elangga berjasa dalam membuka tabir kegelapan karena mulai banyak cerita lama yang diketahui. Ilmu kesusastraan tergolong sudah tinggi. Cerita-cerita jaman tersebut masih dikenal hingga kini terutama dalam crita wayang. Cerita tersebut berbahasa Jawa Kuno seperti: 1. Layang Mahabarata 2. Layang Ramayana dan Arjuna Wiwaha Karajan Jenggala ora lestari gedhé, awit pecah pecah dadi karajan cilik cilik, marga saka diwaris marang putraning Nata; yaiku praja Jenggala (Jenggala anyar); Tumapel utawa Singasari lan Urawan. = Kerajaan Jenggala tidak bertahan lama karena pecah menjadi kerajaan-kerajaan kecil karena diwariskan lagi ke penerus raja yaitu Jenggala anyar, Tumapel atau Singasari dan Urawan. Karajan cilik cilik kang cedhak wates Kedhiri or suwé banjur ngumpul mèlu Kedhiri, liyané isih terus madeg dhéwé nganti tekan abad 13. Kerajan Kedhiri (Daha, Panjalu) mungguha saiki mbawahaké paresidhènan Kedhiri, sapérangané Pasuruwan lan Madiyun. Kuthané ana ing kutha Kedhiri saiki. Karajan mau bisa dadi kuncara. Ing wektu iku kasusastran Jawa dhuwur banget, nalika jamané Jayabaya (abad 12) ngluwihi kang uwis uwis lan tumekané jaman saiki isih sinebut luhur, durung ana kang madhani. = Kerajaan kecil yang dekat dengan Kediri tidak lama kemudian bergabung dengan Kediri, yang lainnya masing-masing tetap berdiri sampai abad 13. Kerajaan Kediri (Daha, Panjalu) wilayahnya meliputi Kediri, Pasuruan dan Madiun. Pusat kotanya di Kediri juga. Kerajaan tersebut sempat jadi terkenal. Jaman tersebut kesusastraan Jawa sedang berjaya, ketika itu Jayabaya (abad 12) melebihi sastra sebelumnya bahkan hingga kini masih sangat terkenal belum ada yang menyaingi. Ing tahun 1104 ing kedhaton ana pujangga jenengé: Triguna utawa Managocna. Pujangga iku sing nganggit layang Sumanasantaka lan Kresnayana. Radèn putra utawa Panji kang kacarita ing dongèng kae, bokmenawa iya ratu ing Daha, kang jejuluk Prabu Kamesywara I. Jumeneng ana wiwitané abad kang kaping 12. Garwané kekasih ratu Kirana (Candra Kirana) putrané ratu Jenggala. Ing mangsa iki ana pujangga jenengé Empu Dharmaja nganggit layang Smaradhana. Radèn Panji nganti saiki tansah kacarita ana lakoné wayang gedhog lan wayang topeng. = Pada tahun 1104 di keraton ada seorang pujangga bernama: Triguna atau Managocna. Pujangga tersebut mengarang sastra Sumanasantaka dan Kresnayana. Raden putra atau Panji yang diceritakan dalam dongeng in mungkin sekali adalah raja Daha/Kediri ini yang bergelar Prabu Kamesywara I. Bertahta semenjak awal abad 12. Permaisurinya adalah ratu Kirana (Candra Kirana) putrinya raja Jenggala. Pada masa tersebut ada juga pujangga bernama Empu Dharmaja mengarang sastra Smaradhana. Raden Panji hingga sekarang masih diceritakan dalam lakon wayang dedhog dan wayang topeng. Pujanggané Jayabaya aran Empu Sedah lan Empu Panuluh. Empu Sedah ing tahun Saka 1079 (= 1157) methik sapéranganing layang Mahabarata, dianggit lan didhapur cara Jawa, dijenengaké layang Bharata Yudha. Wong Jawa ing wektu iku wis pinter, wong Indhu kesilep, karajan Indhu wis dadi karajan Jawa = Pujangganya Jayabaya adalah Empu Sedah dan Empu Panuluh. Empu Sedah di tahun Saka 1079 (1157 Masehi) menggubah sebagian cerita Mahabarata diolah dan ditulis dalam bahasa Jawa dinamakan Bharata Yudha. Orang-orang Jawa jaman itu sudah pandai, orang-orang Hindu kalah bersaing sehingga kerajaan Hindupun beralih menjadi kerajaan Jawa. Bab 4 Ken Angrok Nelukaké Karajan Karajan Cilik(1220 - 1247) = Bab 4 Ken Arok menaklukkan kerajaan-kerajaan kecil (1220 - 1247) Ing tahun 1222 ana ratu ing Tumapel utawa Singasari, jenengé Ken Angrok.Critané Ken Angrok iki saka layang Pararaton. Ketemuné layang iki ana ing Bali dhèk tahun 1891.Ken Angrok lair ana ing sacedhaké Tumapel (Singasari), asal wong tani lumrah baé.Ken Angrok kacarita bagus rupané lan bisa nenarik katresnaning wong, nanging banget kareme marang pangaji aji lan wani marang penggawé luput. = Pada tahun 1222 ada raja di Tumapel atau Singasari bernama Ken Arok. Cerita Ken Arok tertulis dalam sastra Pararaton. Lembar sastra ini ditemukan di Bali pada tahun 1891. Ken Arok lahir di dekat Tumapel (Singasari) berasal dari keluarga petani biasa. Ken Arok diceritakan berwajah tampan dan bisa menarik perhatian orang, namun sangat menyukai barang aji-aji/jimat dan berani melawan kejahatan. Ing sawijining dina ana Brahmana ketemu karo dhéwékné, kandha yèn dhéwékné titising Wisnu. Anggoné kandha mangkono iku, awit Brahmana mau ngerti yèn Ken Angrok iku wong kang gedhé karepe lan kenceng budiné. Brahmana banjur golèk dalan bisané Ken Angrok kacedhak karo adipati ing kono, Sang Tunggul Ametung. Ora antara suwé kelakon Ken Angrok kaabdèkaké. Bareng wis mangkono, Ken Angrok banjur tansah golèk dalan kapriyé enggoné bisa ngendhih Sang Adipati, nggentèni jumeneng. Ketemuning nalar Ken Angrok banjur ndandakaké keris becik marang Empu Gandring. Sawisé keris dadi, katon becik temenan, nganti mitrané Ken Angrok aran Keboijo kepéncut kepéngin nganggo, banjur nembung nyilih: oleh. Saka senengé, keris mau saben dina dianggo sarta dipamèr pamèraké, dikandhakaké duwèké dhéwé. = Suatu hari ada seorang Brahmana yang ketemu dia yang mengatakan bahwa dia adalah titisan dewa Wisnu. Alasan perkataan tersebut, karena Brahmana tersebut mengerti jika Ken Arok tersebut seorang berambisi kuat dan baik budi pekertinya. Brahmana tersebut kemudian mencarikan jalan agar bisa dekat dengan salah seorang adipati disana "Tunggul Ametung". Tidak lama kemudian Ken Arok diterima jadi abdi. Setelah itupun Ken Arok selalu mencari cara bagaimana bisa mengambil alih kekuasaan sang adipati. Tersirat di pikirannya untuk memesan keris kepada Empu Gandring. Setelah keris jadi kelihatan bagus hingga teman Ken Arok bernama Kebo ijo terpesona, kemudian dipinjamkannya keris tersebut ke Kebo ijo. Tiap hari keris tersebut dibawa pamer oleh temannya si Kebo ijo. Bareng wis sawatara dina Ken Angrok banjur nyolong kerisé dhéwé kang lagi disilih ing mitrané mau dianggo nyidra Sang Adipati. Kelakon séda, keris ditinggal ing sandhingé layon. Urusaning prakara: mitrané Ken Angrok sing kena ing dakwa, diputus ukum pati. Ken Angrok banjur bisa oleh Sang putri randaning Tunggul Ametung lan gumanti madeg adipati: Sang Putri asmané Ken Dhedhes. = Suatu hari Ken Arok mencuri kerisnya sendiri dari si Kebo ijo untuk dipakai membunuh sang adipati. Setelah meninggal, kerispun ditinggal disamping mayat adipati. Alhasil temennya si Keboijo didakwa hukuman mati. Ken Arok kemudian menikahi janda Tunggul Ametung bernama Ken Dhedhes dan menggantikannya sebagai adipati. Sasuwéné dicekel Ken Angrok negarané tata, reja, wong cilik banget sungkemé. Sawisé mbedhah karajan cilik cilik ing Jenggala, Ken Angrok banjur emoh kebawah Kedhiri, malah ing tahun 1222 mbedhah praja Kedhiri nganti kelakon menang, Ratu ing Kedhiri Prabu Kertajaya séda nggantung sabalané kang padha tuhu. = Selama dalam pemerintahan Ken Arok, negri aman sejahtera, rakyat kecil banyak yang mengagungkannya. Setelah memperluas kekuasaannya di kerajaan-kerajaan kecil bekas Jenggala, Ken Arok tidak mau berdiri dibawah Kediri malahan di tahun 1222 dia mengambil alih kekuasaan raja Kediri. Raja Kediri Prabu Kertajaya mati gantung diri bersamaan pengikut setianya.

Kedhiri banjur ditanduri adipati kabawah Singasari. Bareng para ratu darah Empu Sindhok wis kalah kabèh karo Ken Angrok, Ken Angrok banjur jumeneng Ratu gedhé, jejuluk Prabu Rejasa, yaiku kang nurunaké para ratu ing Majapait. Kacarita Sang Retna Dhedhes nalika sédané adipati Tunggul Ametung wis ambobot. Bareng wis tekan mangsané, Sang Retna mbabar putra kakung, diparingi peparab Radèn Anusapati. Wiwit timur nganti diwasa Sang Pangéran ora ngerti yèn satemené dudu putrané Prabu Rejasa, nanging rumangsa yèn ora ditresnani ing Sang Prabu, béda banget karo rayi rayiné. Ing sawijining dina Anusapati kelair marang ibuné mangkéné: "Ibu, punapa, déné Kangjeng rama punika teka boten remen dhateng kula?" Sang Retna banget trenyuhing galih mireng atur sasambaté kang putra, wasana banjur keprojol pangandikané; kang putra dicritani lelakoné wiwitan tekan wekasan. Anusapati banget ing pangunguné, sanalika banjur duwé sedya males ukum, nanging isih sinamun ing semu. Keris yasané Empu Gandring disuwun, pawatané mung kepingin banget anganggo. Kang ibu lamba ing galih, keris diparingaké. Anusapati banjur nimbali abdiné kekasih, diparingi keris mau lan diweruhaké ing wewadiné. Benginé Sang Prabu séda kaprajaya ing duratmaka.

= Kediri kemudian diberi kekuasaan sebatas adipati dibawah Singasari. Setelah para raja darah keturunan empu Sindhok kalah dengan Ken Arok, Ken Arok kemudian bertahta menjadi raja besar bergelar Prabu Rejasa yang menurunkan garis raja-raja Majapahit. Diceritakan waktu meninggalnya adipati Tunggul Ametung, Ken Dhedhes sudah dalam keadaan hamil. Setelah tiba waktunya, dia melahirkan seorang putra diberi nama Raden Anusapati. Dari kecil hingga dewasa, sang pangeran tidak mengetahui kalau dia bukan putra kandung Prabu Rejasa, karena merasa tidak dicintai sang Prabu seperti halnya adik-adiknya, suatu hari pangeran bertanya kepada ibunya: "Ibu, apakah memang benar kanjeng Bapak tidak menyukai diriku". Sang Ibu yang terharu dengan keluh kesah pangeran, tanpa sengaja membocorkan cerita rahasia dari awal (kematian Tunggul Ametung) hingga akhir. Anusapati seketika jadi marah dan ingin membalaskan kematian ayah kandungnya, namun masih ditimbang-timbang. Keris yang dibikin Empu Gandringpun dimintanya dengan alasan pingin sekali memakai. Sang Ibu yang tidak tegapun memberikan keris itu kepadanya. Anusapati kemudian memanggil abdi kepercayaannya, untuk diberikan keris itu dan diberitahu rencana rahasianya. Malam harinya Sang Prabu meninggal di peraduannya.

Layoné Sang Prabu dicandhi ana ing Kagenengan (cedhak Malang). Anusapati nggentèni jumeneng Nata. Anusapati jumeneng ora suwé, awit Radèn Tohjaya ngerti yèn Anusapati kang nyédani ramané, mulané sumedya males ukum lan iya kelakon. Tohjaya jumeneng Nata, nanging iya ora suwé. Tohjaya utusan mantriné aran Lembu Ampal, didhawuhi nyirnakaké kalilipé loro, yaiku: Ranggawuni, putrané Anusapati, lan nakdulure kang aran Narasingamurti; yèn ora bisa kelakon, Lembu Ampal dhéwé bakal kena ukum pati. Dumadakan ana sawijining Brahmana kang welas marang radèn loro, banjur wewarah saperluné. Satriya loro banjur ndhelik ana ing panggonané Panji Patipati. Lembu Ampal nggolèki radèn loro ora ketemu, banjur ora wani mulih, ngungsi marang Panji Patipati. Bareng ana ing kono mbalik ngiloni radèn loro, malah ngrembugi para punggawa kang ora cocog karo Tohjaya diajak ngraman, wasana kelakon, Sang Prabu nganti nemahi séda.

= Jenazah sang Prabu dimakamkan dalam candi di Kagenengan (dekat Malang). Anusapati yang menggantikan tahtanya. Namun Anusapati bertahta hanya sebenetar saja., karena Raden Tohjaya tahu bahwa Anusapati sebagai dalang kematian ayahandanya, makanya langsung berniat menuntut balas dan terjadilah. Tohjaya pun akhirnya menggantikan tahta kerajaan tapi tidak lama juga. Tohjaya menyuruh mantr-nyai (penasehat) Lembu Ampal untuk menyingkirkan 2 orang keturunan Anusapati yaitu Ranggawuni dan saudaranya Narasingamurti. Kalau sampai gagal, Lembu Ampal sendiri yang akan dihukum mati. Ternyata ada salah seorang Brahmana yang iba dengan nasib 2 orang putri tersebut berusaha menyelamatkan sambil mengajari ilmu. 2 putri tersebut sembunyi ditempatnya Panji patipati. Lembu Ampal mencari 2 putri tersebut tidak ketemu juga, kemudian tidak berani pulang lalu mengungsi di tempatnya Panji patipati. Sampai disana justru balik mendukung 2 putri tersebut, serta membujuk beberapa punggawa yang tidak cocok dengan Tohjaya untuk melawan, dan terjadilah. Sang Prabu Tohjayapun akhirnya meninggal. Ranggawuni jumeneng Nata ajejuluk Syri Wisynuwardhana nganti nakdhèrèké Narasinga.Nganti tekan ing séda priyagung loro mau rukun banget, nganti dibasakaké: "Kaya Wisynu lan kang raka Bathara Endra". Karatoné mundhak gedhé pulih kaya dhèk jamané Prabu Erlangga, malah jajahané wuwuh Madura. Sang Nata séda ing tahun 1268, layoné diobong kaya adat, awuné sing separo dicandhi ana ing Welèri, ditumpangi reca Syiwah, sing separo dipethak ana candhi Jago (Tumpang) nganggo reca Budha. Dadi tetéla ing wektu iku agama Syiwah karo Budha campur.

= Ranggawuni naik tahta bergelar Syri Wisnuwardhana bersamaan dengan saudaranya Narasinga. Hingga meninggalnya dua orang bersaudara tersebut rukun terus seperti peribahasa "Seperti Wisnu dan saudaranya Bathara Endra". Keratonnya berkembang besar pulih sediakala seperti jaman Prabu Erlangga, kekuasaannya hingga Madura. Sang Ratu meninggal pada tahun 1268, jenazahnya dibakar sesuai adat/agamanya, abunya separuh disemayamkan di candi Weleri ditumpangi arca Dewa Syiwa, yang separuh lagi disemayamkan di candi Jago (Tumpang) dengan arca Budha. Hal ini juga sebagai tanda jaman tersebut agama Syiwa dan Budha campur jadi satu. Bab 5 Jumenengé Kartanagara ing Tumapel (1268 - 1292) = Bab 5 Berdirinya Kartanagara di Tumapel (1268 - 1292)

Ratu Singasari kang Kaping V, jumeneng mekasi. Sasédané Syri Wisynuwardhana pangéran pati jumeneng Nata, ajejuluk Prabu Kartanagara. Sang Prabu manggalih marang kawruh kagunan, lan kasusastran, lan iya manggalih marang undhaking jajahan, nanging kurang ngatos atos, lan kersa ngunjuk nganti dadi wuru. = Ratu Singasari ke-V yang bertahta setelah meninggalnya Sri Wisnuwardhana adalah pangeran yang bergelar Prabu Kartanagara. Sang Prabu sangat memperhatikan kemajuan bidang seni dan kesusastraan, selain itu juga berpikiran untuk memperluas kekuasaaan namun bersifat kurang hati-hati, dan juga kebiasaan suka minum-minum hingga jadi kurus. Ana nayakaning praja aran Banyak Widhe utama Arya Wiraraja, tepung becik lan Jayakatwang, adipati ing Daha. Satriya iku ora sungkem marang ratuné, malah wis sekuthon karo Jayakatwang, arep mbaléla. Dumadakan ana punggawa kang matur prakara iku, nanging Sang Prabu ora menggalih, Wiraraja malah diangkat dadi adipati ana ing Madura. = Salah seorang pembesar kerajaan bernama Banyak Widhe atau Arya Wiraraja, bersekutu dengan Jayakatwang adipati di Daha. Satria tersebut tidak mau tunduk dengan rajanya, malah jelas bersekutu dengan Jayakatwang untuk membangkang. Suatu hari ada punggawa kerajaan yang menyampaikan hal itu ke raja, tapi Sang Prabu tidak menghiraukan malah si Wiraraja diangkat sebangai adipati di Madura. Pepatihe Sang Nata aran Raganatha rumeksa banget marang ratuné, nganti sok wani ngaturi pènget marang Sang Prabu ing bab kang ora bener. Nanging Sang Prabu ora rena ing galih, ora nimbangi rumeksaning patih setya iku, malah banjur milih patih liya kang bisa ngladèni karsané. Patih wredha diundur, winisuda dadi: nayaka pradata, dadi wis ora campur karo prakara pangrèh praja. Patih anyar senengé mung ngalem marang ratuné lan ngladosi unjuk unjukan. = Patih kerajaan bernama Raganatha sangat prihatin sekali dengan posisi rajam, dan sering mengingatkan sesuatu hal yang tidak baik/kurang benar untuk sang Prabu. Tapi Sang Prabu tidak menghiraukan kesetiaaan patih tersebut, malah memilih patih lainnya yang bisa memuaskan kemauannya. Patih tersebut akhirnya diberhentikan dialihtugaskan menjadi hakim/pengatur perkara jadi tidak berhubungan lagi dengan perihal urusan kerajaan. Patih baru cuma bisa membuat senang sang raja dan melayani kebiasaan minum-minuman. Ana utusan saka ratu agung ing nagara Cina (Chubilai) dhawuh supaya Prabu Kartanagara nyalirani dhéwé utawa wakilsuwana marang nagara Cina perlu caos bekti (tahun 1289). Sang Prabu duka banget. Bathuking Cina utusan digambari pasemon kang ora apik, nelakaké dukané Sang Prabu. = Ada satu utusan dari negri Cina (Chubilai) yang mengajak sang Prabu Kartanagara untuk berkunjung sendiri atau mengirim perwakilan ke negri Cina sebagai tanda hubungan baik (tahun 1289). Sang Prabu marah sekali. Jidat utusan Cina tersebut digambari dengan simbol/gambar yang tidak baik, sebagai tanda kemarahan sang Prabu. Bareng tekan ing nagara Cina patrape ratu Jawa kang mangkono iku mau njalari dukané ratu binathara ing Cina, Ing tahun 1292 ana prajurit gedhé saka ing Cina arep ngukum ing kuwanéné wong Jawa. = Setelah sampai di negri Cina, perlakuan balik ratu Jawa tersebut membuat marah raja di CIna. Pada tahun 1292 ada brigade besar prajurit Cina yang akan membalas kelakuan buruk raja Jawa. Wiraraja sasuwéné ana ing Madura isih ngrungok ngrungokaké apa kang kalakon ana ing Singasari, lan iya weruh uga yèn ing wektu iku prajurit Singasari dilurugaké menyang Sumatra. Wiraraja ngajani Jayakatwang akon nangguh mbedhah Singasari, mumpung nagara lagi kesisan bala. Jayakatwang ngleksanani, lan Singasari kelakon bedhah. Ratu lan patihé katungkep ing mungsuh isih terus unjuk unjukan baé (wuru), mulané ora rekasa pinurih sédané. = Wiraraja selama di Madura senantiasa memperhatikan perkembangan kondisi di Singasari, dan pernah tahu juga ketika banyak prajurit Singasari dikirim ke Sumatra. Wiraraja bersekongkol dengan Jayakatwang untuk mengkudeta Singasari mumpung kerajaan sedang kekurangan bala prajurit. Jayakatwang mendukung dan Singasaripun bisa ditaklukkan. Raja dan patihnya meskipun sudah tertangkap masih saja dengan kebiasaan minum-minuman, makanya cepat menemui ajalnya.

Radèn Wijaya, wayahè Narasinga, nuli umangsah ngetog kaprawiran mbelani nagara lan ratuné, nanging wis kaslepek karoban wong Daha, mulané banjur kepeksa ngoncati, mung kari nggawa bala 12, genti genti nggéndhong Sang Putri garwané Radèn Wijaya, putrané Prabu Kartanagara. Lampahè Radèn Wijaya sasentanané nusup angayam alas. Kalebu wilangan 12 iku ana satriyané loro, putrané Wiraraja, duwè atur marang Gustiné supaya ngungsi menyang Madura. Sang Pangéran mauné ora karsa, nanging suwé suwé nuruti. Ana ing Madura ditampani kalawan becik. Rembugé Wiraraja, Radèn Wijaya diaturi suwita menyang Daha. Wiraraja sing arep nglantaraké. = Raden Wijaya cucunya Narasinga, tiba waktunya menunjukkan ke-perwiraannya membela negri dan rajanya, tapi sudah terlanjur terkungkung di Daha, maka dengan terpaksa dia melarikan diri dengan membawa prajurit 12 orang, untuk bergantian mengusung sang putri istri Raden Wijaya yaitu putra Prabu Kartanagara. Ruang lingkup persembunyian Raden Wijaya berada di area hutan alas. Dalam 12 prajurit tersebut ada 2 orang satria putra Wiraraja, yang membujuk Raden Wijaya untuk mengungsi ke Madura. Sang pangeran semula tidak mau, tapi lama-kelamaan turut juga. Di Madura mereka disambut dengan baik. Pembicaraan dengan Wiraraja raden Wijaya ditawari untuk balik ke Daha. Wiraraja yang akan mengawalnya.

Yèn wis kelakon suwita Radèn Wijaya diaturi nyetitèkaké para punggawa ing Daha, sapa sing kendel utawa jirih, tuhu utawa lamis. Yèn wis antara suwé diaturi nyuwun tanah tanah Trik, dibabada banjur dienggonana. Radèn Wijaya nurut ing pitudhuh, lan iya kelakon suwita ing Daha. Kacarita pasuwitané kanggep banget, amarga saka pinteré nuju karsa, lan saka pinteré olah gegaman; wong sa Daha ora ana sing bisa ngalahaké. = Jikalau sudah menghadap raja, raden Wijaya disuruh menceritakan siapa saja punggawa di Daha yang berani atau takut, patuh atau membangkang. Tidak lama kemudian dia akan ditawari tanah yang dibabad untuk ditinggali. Raden Wijaya menurutinya dan bersedia menghadap ke Daha (pusat kota Singasari). Diceritakan waktu menghadap sangat terkesan sekali, karena kepintarannya berdiplomasi dan kepintarannya memakai senjata, orang se-Daha tidak ada yang bisa mengalahkan.

Kabèh piwulangé Wiraraja ditindakaké, dilalah Sang Prabu teka dhangan baé, malah bareng tanah Trik wis dibabad, Radèn Wijaya nyuwun manggon ing kono iya dililani. Kacarita nalika babade tanah Trik mau, ana wong kang methik woh maja dipangan, nanging rasané pait. Awit saka iku désa ingkono mau banjur dijenengaké Majapait.

= Semua nasehat Wiraraja dilakukan, kebetulan sang Prabu juga bersikap baik saja, ketika tanah baru sudah dibabad, raden Wijaya minta untuk tinggal disana juga disetujui. Diceritakan waktu babad tanah baru tersebut, ada salah seorang yang metik buah "maja" untuk dimakan, tapi rasanya "pahit". Dari situlah desa tersebut kemudian dinamakan "Majapahit".

Bareng Radèn Wijaya wis manggon ing Majapait, rumangsa wis wayahè tata tata males ukum, ngrusak kraton Daha, ananging Wiraraja akon sabar dhisik, awit isih ngenteni prajurit saka nagara Cina kang arep ngukum wong Singasari. Karepe Wiraraja arep ngréwangi Cina baé dhisik, besuké arep mbalik mungsuh Cina. Wiraraja banjur boyong sakulawargané lan saprajurite menyang Majapait ngumpul dadi siji karo Radèn Wijaya. = Setelah raden Wijaya tinggal di Majapahit, merasa sudah waktunya siap-siap membalas untuk menyerang keraton Daha, tetapi Wiraraja mengingatkannya untuk bersabar, karena masih menunggu prajurit dari negri Cina yang akan menghukum Singasari. Karepe Wiraraja mau membantu orang Cina terlebih dulu, baru kemudian balik memusuhi mereka. Wiraraja kemudian memboyong semua keluarga dan prajuritnya ke Majapahit, berkumpul dengan raden Wijaya.

Bab 6 Karajan Melayu = Bab 6 Kerajaan Melayu

Ing Bab 5 ana critané Prabu Kartanagara enggoné anjangka undhaking jajahané. Ana ing tanah Sumatra kelakon bisa oleh jajahan. Ing ngisor iki crita sathithik tumraping karajan karajan ing tanah Melayu. = Pada bab 5 diceritakan Prabu Kartanagara dalam hal keinginannya memperluas daerah jajahan. Di tanah Sumatra sebagian berhasil dijajah. Di bawah ini penggalan cerita beberapa kerajaan di tanah Melayu

Kacarita ratu ing Funan, kira kira ing sajroning abad 3 ngelar jajahan, ngelun tanah Sumatra, Jawa lan liya liyané, ayaké ratu iku kang yasa reca reca ing tanah Pasémah. Ing abad kapitu ana golonganing para pangéran saka ing Indhu Buri, padha manggon ing sakiwa tengening Palembang, banjur ngedegaké nagara gedhé, jenengé karajan çrivijaya (= Syriwijaya, sinebut ing bangsa Cina nagara: Sambotsai). = Diceritakan raja di Funan, sekitar abad ke-3 melebarkan daerah jajahan hingga ke tanah Sumatra, Jawa dan lainnya, kemungkinan raja tersebut yang memprakarsai pembuatan arca-arca di Pasemah. Abad ke-7 kemudian mendirikan kerajaan besar bernama Sriwijaya (atau dalam bahasa Cina sebagai "Sambotsai")

Ratu ratuné padha darah Warman, isih dumunung sanak karo darah Purnawarman ing Tanah Jawa dhèk abad 4 - 5, apadéné darah Mulawarman ing Kutai lan Bornéo dhèk watara tahun 400. =Raja-rajanya bergelar Warman, masih terkait persaudaraan dengan keturunan Purnawarman di Jawa sekitar abad 4-5, maupun trah Mulawarman di Kutai dan Borneo sektiar tahun 400 Masehi. Nagara çrivijaya jajahané kira kira Sumatra sisih kidul lan tengah, Malaka, Kamboja lan malah tekan Tanah Jawa. Ing tahun 686 ratu agung ing negara çrivijaya nglurugi Tanah Jawa, awit Tanah Jawa ora tuhu pangèdhêpé marang çrivijaya. Sajroning abad 10 prajurit Jawa genti nglurugi çrivijaya, menang, nanging ora suwé çrivijaya bisa kombul manèh. = Negri Sriwijaya tersebut kekuasaannya meliputi Sumatra area selatan dan tengah, Malaka, Kamboja hingga tanah Jawa. Pada tahun 686 ratu agung Sriwijaya menduduki tanah Jawa, karena Tanah Jawa tidak patuh dengan kemauan Sriwijaya. Sekitar abad 10, kemudian prajurit Jawa gantian menduduki Sriwijaya, menang tapi tidak lama kemudian Sriwijaya bangkit lagi.

Praja iku ajeg enggoné nglakokaké utusan marang Naréndra ing Cina. Ing sajroning abad 12 lan 13 nagara gedhé çrivijaya pecah dadi karajan cilik cilik. Darah Warman jumeneng ana ing tanah kang sinebut tanah: "Melayu" yaiku saikiné Jambi. Rèhning pasisiré tanah Melayu kono akèh rerusuh, wongé akèh kang padha ngungsi marang tanah pagunungan kang loh, ana ing kono padha dedhukuh. = Selama berjaya, sering kali dikirim utusan persahabatan ke negri Cina. Pada abad 12 dan 13, kekuasaan Sriwijaya terpecah menjadi kerajaan-kerajaan kecil. Trah Warman tetap berkuasa di daerah "Melayu" yang sekarang dikenal sebagai "Jambi". Dikarenakan di sepanjang tanah pesisir Melayu tersebut sering terjadi kerusuhan, maka banyak orang mengungsi ke tanah pegunungan yang subur kemudian mereka membentuk kampung-kampung.

Bareng Tanah Jawa gedhé panguwasané, Prabu Kartanagara (1268 - 1292) kalakon bisa ngrusak kutha Paséi, lan ngejegi Jambi, Palembang, Riouw sarta kutha kutha akèh ing Bornéo apadéné pulo pulo ing Moloko. Ing saantaraning tahun 1275 lan 1293 wong Jawa nglurugi tanah pagunungan Jambi mau yaiku tanah kang besuké aran Menangkabau. Lurugan iku diarani: Pamalayu. = Pada waktu kerajaan Jawa kekuasaannya membesar dibawah Prabu Kartanagara (1268 - 1292) yang berhasil menguasai kota Pasei, menduduki Jambi, Palembang, Riau dan kota-kota di Kalimantan maupun pulau Maluku. Antara tahun 1275 dan 1293, orang Jawa yang menduduki tanah pegunungan Jambi tersebut yang kemudian dinamakan Minangkabau. Peristiwa pendudukan tersebut dinamai "Pamalayu".

Ing tahun 1268 Prabu Kartanagara angganjar reca marang ratu ing Dharmmaçraya (Darmasraya) uga dumunung ing tanah Jambi, ing saikiné ora adoh karo Sungai Lansat. Karajan iku ing besuké kalebu jajahan Majapait, rajané darah Warman jejuluk Tribuwana (Mauliwarman) kagungan garwa bangsa Melayu, kang putriné (putrané putri) ayaké dai garwané Radèn Wijaya biyèn. = Tahun 1268, Prabu kartanagara menghadiahi arca kepada raja Darmasraya serta kekuasaan di tanah Jambi, yang sekarang tidak jauh adri Sungai Lansat. Kerajaan tersebut masuk dalam jajahan Majapahit, rajanya bergelar Warman bernama Tribuwana (Mauliwarman) punya permaisuri bangsa melayu, dan anak putrinya diperistri oleh Raden Wijaya.

Sang Raja Tribhuwana mèlu karo bangsa Jawa nglurugi tanah Padhang Hulu. Miturut carita Melayu, lurugan mau ora oleh gawé, mung marga saka klebu ing gelar, kalah enggoné adu kebo, mulané kuthané banjur jeneng Menangkabau iku. = Sang raja Tribuwana kerjasama dengan kerajaan Jawa untuk menduduki tanah Padang hulu. Sesuai cerita melayu, pendudukan tersebut tidak membuahkan hasil, namun karena dalam pagelaran sayembara kalah dalam adu kerbau, maka kotanya sekarang dinamakan Menangkabau.

Ana raja wewengkoné karajan Dharmmaçraya jejuluk Adityawarman nagarané ing Malayupura, kang ing tahun 1347 wus merdika, ambawa pribadhi, iku nglurugi Menangkabau, nanging ora nganti dadi perang, malah banjur diangkat dadi raja ing kono, awit pancèn dianggep bangsa Melayu. Jumenengé ana ing Menangkabau wiwit tahun 1347 tekan 1375, kecrita ing kawicaksanané lan pinteré nyekel praja. = Ada raja yang berkuasa di kerajaan Darmasraya bergelar Adityawarman, negrinya di Malayupura, pada tahun 1347 sudah merdeka kemudian berambisi menduduki Minangkabau namun tanpa dengan peperangan, malah kemudian diangkat menjadi raja disana, karena dianggap asli bangsa Melayu. Bertahta di Minangkabau mulai rahun 1347 hingga 1375, yang terkenal dengan kebijaksanaannya dan kepandaiannya mengurus kerajaan.

Tumeka sapréné Sang Adityawarman sarta nayakané loro kang aran Papatih Sabatang lan Kyai Katumanggungan isih dipundhi pundhi marang bangsa Menangkabau. Sapungkuré Sang Aditya wis ora ana raja ing Menangkabau kang kecrita. Negarané pecah pecah, ing saiki isih akèh titiké, mungguh ing kaluhuraning para raja Jawa asal Indhu, ana ing tanah Menangkabau kono, luwih luwih tumraping basa lan sastrané. Darah raja raja kuna ing Menangkabau mau enteke durung lawas, kang pungkas pungkasan putri, sédané lagi saiki baé. = Hingga kini sang Adityawarman dan kedua putranya bernama Papatih Sabatang dan Kyai Katumanggungan masih diagung-agungkan masyarakat Minangkabau. Setelah sang Aditya tidak ada lagi cerita penguasa raja di Minangkabau. Negrinya terpecah-pecah, kini masih banyak dijumpai bekas tanda kekuasaannya serta berkat keluhuran raja Jawa, warisan bahasa dan sastra Minangkabau masih terjaga. Penerus darah raja-raja kuno di Minangkabau tersebut belum lama punah, yang terakhir adalah seorang putri yang baru saja meninggal.

Ing tahun 1377 kutha Sanbotsai ing tanah Palembang rinusak ing balané Prabu Ayamwuruk. Kang kuwasa ing tanah Palembang kasebut jeneng Arya Damar nurunaké Radèn Patah (+/- tahun 1500). Awit saka ambruking karaton Majapait, Palembang iya katut apes, besuké kalah karo Banten. = Tahun 1377, kota Sambotsai di Palembang dirusak oleh bala tentara Prabu Hayamwuruk. Yang berkuasa di Palembang waktu itu adalah Arya Damar yang menurunkan Raden Patah (sekitar tahun 1500). Karena imbas runtuhnya keraton Majapahit, Palembang juga ikutan kalah dalam berperang melawan Banten.

Kaluhuraning Tanah Jawa ana ing Sumatra sisih kidul kono tumekané dina iki uga iya isih akèh tilas tilasé. = Keluhuran tanah Jawa di Sumatera bagian selatan hingga kini masih banyak dijumpai bekas/tanda petisalannya.

Bab 7 Perang Cina lan Adegé Karajan Majapait (1292) = Bab 7 Perang Cina dan berdirinya Kerajaan Majapahit (1292)

Ing tengah tengahané tahun 1292 Maharaja Choebilai sida ngangkataké wadya bala menyang ing Tanah Jawa perlu arep ngukum Prabu Kartanagara. Ana ing pacekan (Surabaya) prau Jawa kalah, nuli bala Cina arep nglurugi Daha, kang dikira panggonané Kartanagara (kang nalika iku wis séda). = Pada pertengahan tahun 1292 Maharaja Choebilai (Kubilai Kan) menggelar pasukan menuju Tanah Jawa untuk menghukum Prabu Kartanagara. Di Surabaya pasukan laut kerajaan Jawa kalah, bala tentara Cina akan menduduki kota Daha tempat kediaman Kartanagara (yang waktu tersebut sudah wafat).

Kacarita Radèn Wijaya dhèk jaman samono wus wiwit mbalela marang Jayakatwang ratu ing Daha. Sarèhné duwè pangarep arep bisaa ditulungi ing Cina numpes ratu ing Daha, mulané Radèn Wijaya banjur gawé gelar ethok ethok arep teluk marang sénapati Cina. = Diceritakan raden Wijaya pada jaman tersebut sudah berniat membangkang terhadap raja Kayakatwang di Daha. Dengan keinginan untuk bisa mendapat pertolongan Cina melawan raja di Daha, maka raden Wijaya berpura-pura tunduk dan mendukung panglima Cina.

Kabeneran ora let suwé Majapait, panggonané Radèn Widjaya ditempuh ing wong Daha, Radèn Wijaya éntuk pitulungané wong Cina bisa menang. Wasana ing tahun 1293 kutha Daha dikepung ing balané Shih Pih lan Radèn Wijaya, Daha bedhah, ratuné kacekel, pèni pèni raja pèni dijarah rayah, Radèn Wijaya nulungi putri putri, putrané Prabu Kartanagara digawa oncad menyang Majapait. = Kebetulan tidak lama kemudian Majapahit (tempat raden Wijaya) mendapat pertolongan Cina melawan orang Daha dan menang. Pada tahun 1293, kota Daha dikepung oleh pasukan Shih Pih dan prajurit raden Wijaya, rajanya ditangkap, kekayaan raja dijarah, raden Wijaya menolong putri-putri dan putra Prabu Kartanagara untuk dibawa ke Majapahit.

Ora antara suwé, marga saka akalé Wiraraja, Radèn Wijaya bisa ngusir prajurit Cina. Wondéné prajurit mau, senadyan kesusu susu meksa isih bisa anggawa barang rayahan, pengaji mas satengah yuta tail lan tawanan wong satus saka Daha. = Tidak lama kemudian karena siasat dari Wiraraja, raden Wijayapun berhasil mengusir pasukan Cina. Meskipun para prajurit Cina tersebut buru-buru mengundurkan diri, tapi berhasil membawa barang jarahan, kekayaan emas setengah juta tail dan tawanan 100 orang dari Daha.

Radèn Wijaya banjur jumeneng Nata ing Majapait, jejuluk Kertarejasa Jayawardhana utawa Brawijaya I (tahun 1294 - 1309) = Raden Wijaya kemudian bertahta sebagai raja majapahit bergelar Kertarejasa Jayawardhana atau Brawijaya I (tahun 1294-1309).

Sawisé jumeneng Nata, Sang Prabu anggeganjar marang sakabèhing kawula kang mauné labuh, marang panjenengané. Wiraraja dibagèhi tanah Lumajang sauruté. = Setelah bertahta, sang prabu membalas kebaikan para pengikut yang mendukung dirinya. Wiraraja dikasih bagian tanah Lumajang sekitarnya.

Putriné Kartanagara papat pisan dadi garwané Sang Prabu, lan isi ana garwa paminggir siji saka tanah Melayu aran Sri Indresywari. Saka garwa paminggir iki Sang Prabu kagungan putra R. Kaligemet, kang besuké nggentos kaprabon, ajejuluk Jayanégara, saka Prameswari Sang Prabu peputra putri loro. = Putri Kartanagara 4 orang diperistri langsung oleh sang Prabum dan ada permaisuri pertama dari tanah Melayu bernama Sri Indresywari. Dari istri pertama sang prabu mendapatkan putra Raden Kaligemet yang nantinya menggantikan tahtanya bergelar Jayanegara, dari Prameswari sand prabu mendapat keturunan 2 orang (putra dan putri).

Ing tahun 1295 R. Kalagemet lagi yuswa sataun wis diangkat dadi pangéran pati lan dadi ratu ing Kedhiri, ibuné kang ngembani nyekel praja Kedhiri. Ing nalika panjenengané Prabu Kertarejasa Jayawardhana iku, Tanah Jawa karo Cina becik manèh, perdagangané gedhé, wong Cina teka ing Tanah Jawa nggawa mas, salaka, merjan, sutra biru, sutra kembang kembangan, bala pecah lan dandanan wesi. = Pada tahun 1295, raden Kalagemet yang baru berusia 1 tahun sudah diangkat jadi pangeran pati sebagai raja di Kediri, ibunya yang bertugas membawahi kerajaan Kediri. Pada masa Prabu Kertarejasa Jayawardhana, hubungan tanah Jawa dan Cina baik sekali, perdagangan sangat ramai, orang Cina berkunjung ke tanah Jawa membawa emas, perak, merjan, sutra biru, sutra kembangan, barang pecah belah dan aneka kerajinan logam.

Saka ing Tanah Jawa, Cina kulak: beras, kopi kapri, rami, bumbon crakèn luwih luwih mrica, barang barang mas utawa salaka, bangsa dandanan kuningan utawa tembaga, tenunan kapas lan sutra, welirang, gading, cula warak, kayu warna warna, manuk jakatuwa lan barang nam naman. = Dari tanah Jawa, orang Cina membeli beras, kopi kapri, serat rami, bumbu-bumbu terutama merica, barang emas maupun perak, aneka barang logam kuningan dan tembaga, tenun kapas dan sutra, belerang, gading, cula, kayu warna-warni, burung kakatua dan barang tenun tradisional.

Ing Tanah Jawa ing wektu iku akèh palabuhan ramé, kayata: Tuban, Sedayu; Canggu. Nalika jamané ratu iki ing bawah karaton Majapait kena dibasakaké ungsum kraman. Para satriya kang mèlu lara lapa dhèk jamané Radèn Wijaya saiki ora oleh ati, awit Sang Prabu mung anggega aturing nayakané kang aran Mahapati, wasana para satriya mau banjur genti genti padha ngraman, nanging temahan asor jurite. Ing tahun 1328 Sang Prabu séda, dicidra ing dukun kang didhawuhi ambedhel salirané. = Di tanah Jawa waktu itu banyak pelabuhan yang ramai seperti: Tuban, Sedayu dan Canggu. Pada jaman pemerintahan raja ini, bisa diumpamakan musim "kraman = pembangkangan". Para satria yang dulunya susah payah bersama raden Wijaya kini tidak memperoleh hati (perhatian), karena Sang Prabu hanya percaya pada penasehatnya bernama Mahapati, sehingga para satria tersebut pada bergantian membangkang . Pada tahun 1328 sang Prabu wafat, karena dicelakai dukun yang disuruh mengobati dirinya.

Sasédané Prabu Jayanégara kang gumanti sadhèrèké putri, kang sesilih Bhreng Kauripan banjur jejuluk Jayawisynuwardhani. Sang nata dewi krama oleh satriya, kekasih Kartawardhana, misuwur pinter, sregep lan jejeg penggalihé. Sang Pangéran diangkat dadi panggedhéning jaksa lan oleh lungguh bumi Singasari sawewengkoné. = Sepeninggal Prabu Jayanegara yang menggantikan dirinya adalah saudara putrinya yang turunan Bhreng Kauripan, bergelar Jayawisnuwardhani. Sang ratu putri menikah dengan Kartawardhana yang terkenal pintar, rajin dan lurus tekadnya. Sang pangeran diangkat jadi jaksa agung yang mengatur wilayah Singasari sekitarnya.

Gajahmada dadi warangkaning ratu. Karepe Gajahmada arep nungkulaké satanah Jawa kabèh lan pulo pulo sakiwatengené. Ora let suwé yaiku tahun 1334 Sumbawa lan Bali bedhah banjur kabawah marang Majapait, mangka Bali nalika samana wis mbawahaké Lombok, Madura, Blambangan lan Sélebes sabagéyan.

= Gajahmada menjadi tulangpunggung/patih sang ratu. Gajahmada berniat untuk menguasai seluruh tanah Jawa dan pulau sekitarnya. Tidak lama kemudian tahun 1334, Sumbawa dan Bali diambil alih kerajaan Majapahit, dimana Bali waktu itu sudah membawahi Lombok, Madura, Blambangan dan sebagian Sulawesi.

Sénapatining prajurit kang ngelar jajahan ing sajabaning Jawa aran Nala. Ing tahun 1334 Sang Raja putri mbabar miyos kakung diparabi Ayam Wuruk, kang banjur dijumenengaké Nata, nanging isih diembani kang ibu nganti tekan tahun 1350. = Panglima prajurit yang memimpin ekspansi keluar Jawa bernama Nala. Tahun 1334, sang ratu putri melahirkan putra yang diberinama Ayam Wuruk, yang langsung menggantikannya namun tugas kerajaan masih diambilalih ibunya hingga tahun 1350. Bab 8 Ayam Wuruk, Syri Rajasanagara, Ratu kang kaping IV ing Majapait (tahun 1350 - 1389) = Bab 8. Ayam Wuruk, Stri Rajasanagara, raja IV Majapahit (1350 - 1389)

Awit saking gedhéné lelabuhané Patih Gajahmada, nagara Majapait saya suwé saya misuwur kuwasané.

Prabu Ayam Wuruk tetep jumeneng ratu agung binathara ngerèh sapepadhaning ratu. Sang Nata krama oleh nakdhèrèke piyambak kang wewangi Retna Susumnadewi. = Berkat tekad Patih Gajahmada, negara Majapahit makin lama makin luas kekuasaannya. Apalagi jaman bertahtanya Prabu Ayam Wuruk. Sang Prabu memperistri saudaranya sendiri yang bernama Retna Susumnadewi.

Para santanané padha ginadhuhan tanah dhéwé dhéwé ing samurwaté. Déné kuwajibané para santana utawa adipati mau ing mangsa kang wus ditamtokaké kudu ngadhep ing panjenengané Nata, mulané kabèh padha duwè dalem becik becik ana ing Majapait, muwuhi asrining nagara.

= Para adipati mendapatkan tanah sewaan masing-masing. Kewajiban mereka pada waktu/masa tertentu diharuskan menghadap raja, maka semuanya mempunyai hubungan baik dengan pusat raja Majapahit untuk menjamin keutuhan negara.

Ing jaman iku ana pujangga kraton aran "Prapanca" (Budha). Ing tahun 1365 pujangga iki nganggit layang kang aran Nagarakertagama. Ana manèh pujangga aran Empu Tantular nganggit layang Arjunawiwaha. = Pada jaman tersebut ada pujangga keraton bernama empu Prapanca (Budha). Pada tahun 1365, pujangga tersebut mengarah sastra bernama "Negarakertagama". Adalagi pujangga bernama empu Tantular yang mengarang sastra "Arjunawiwaha".

Majapait ing wektu iku emèh mbawahaké satanah Indhiya Wétan kabèh, kayata: Tanah Jawa Wétan lan Tengah, Sumatra, wiwit Lampung tekan Acih (Perlak), Bornéo (Banjarmasin), Sélebes (Banggawai, Salaiya, Bantaiyan), Florès (Larantuka), Sumbawa (Dompo), saparoning Malaka lan sabageyaning Nieuw Guinéa. = Majapahit waktu itu hampir membawahi seluruh tanah selatan India mulai dari Tanah Jawa (timur dan tengah), Sumatra (mulai Lampung sampai Aceh (Perlak)), Borneo (Banjarmasin), Sulawesi (Banggawai, Salaiya, Bantaiyan), Flores (Larantuka), Sumbawa (Dompo), saparuh Malaka dan sebagian Papua new guinea.

Tanah Sundha ora ditelukaké. Kang jumeneng ratu ana ing tanah Sundha mau ajejuluk Prabu Wangi, putrané putri dilamar Prabu Ayam Wuruk iya dicaosaké, ananging Prabu Wangi banjur pasulayan karo Patih Gajahmada, nganti dadi perang. Prabu Wangi séda ing paprangan lan akèh punggawané kang mati ana paprangan; ewadéné tanah Sundha ora dibawah Majapait, isih madeg dhéwé ing saterusé. = Tanah Sunda tidak ditaklukkan. Raja yang bertahta waktu itu adalah Prabu Wangi, putrinya dilamar Prabu Ayam Wuruk diberikan, tapi Prabu Wangi berselisih paham dengan Patih Gajahmada hingga perang. Prabu Wangi wafat dalam peperangan dan banyak pengawalnya yang mati dalam perang tersebut, namun tanah Sunda tetap tidak ambil Majaphit, dibiarkan berdiri sendiri.

Ing Jaman samono paro ajar utawa pandhita (agama Budha utawa Syiwah) mèlu nindakaké paprentahan nagara, mulané padha diparingi lungguh bumi dhéwé dhéwé kang diarani bumi: Pradikan. = Jaman tersebut para pandeta (Budha maupun Syiwa) banyak yang ikut dalam pemerintahan negara, maka diberi wilayah sendiri yang disebut sebagai bumi Pradikan.

Padésan ing sakubenging candhi utawa padhépokaning para pandhita lumrahè uga dadi bumi pradikan, wongé diwajibaké jaga lan ngopèni candhi padhépokan mau. Kawula liyané padha kena pajeg prapuluhan (saprapuluhing pametuning buminé), lan kena ing pagawéyan gugur gunung lan sapepadhané. Pajeg rajakaya, pajeg panggaotan lan tambangan ing wektu samono iya wis ana. Pametoning praja gedhé banget, perlu kanggo ragad perang lan kanggo kapraboning Sang Nata sarta kanggo yeyasan nagara, kayata: kraton, gedhong gedhong, pasanggrahan pasanggrahan lan liya liyané. = Perkampungan yang dilingkupi candi atau padepokan para pandita juga disebut bumi pradikan, penduduknya berkewajiban menjaga dan melestarikan candi/padepokan tersebut. Penduduk juga dikenakan pajak bumi 1/10 pada waktu panen. Pajak hasil bumi, pajak penggaotan (kerajina?) dan tambang sudah ada pada jaman tersebut. Penghasilan kerajaan besar sekali, selain diperuntukkan biaya perang juga untuk menjalankan pemerintahan raja dan yayasan/kepemilikan negara seperti kraton, gedung, pesanggrahan dan lainnya.

Ing nagara Majapait wis akèh omah kang becik becik, payoné sirap, déné omah kang lumrah padha apager gedhég, ananging ing jero racaké ana pethiné watu kang santosa perlu kanggo nyimpen barangé kang pangaji.

= Di Majapahit sudah banyak rumah-rumah bagus, atap sirap (genting?), dimana umumnya rumah berpagar tinggi, didalamnya aja arca atau peti batu untuk menyimpan barang aji/kramat.

Wong wong dhèk jaman samono padha doyan nginang, senengané padha tuku bala pecah saka juragan Cina, pambayare nganggo dhuwit sing diarani Kèpèng.

= Orang jaman itu suka nginang, senang belanja barang pecah belah dari Cina dan memakai uang yang disebut Kepeng.

Wong lanang padha ngoré rambut, wong wadon gelungan kondhé. Wiwit enom wong wong padha nganggo gegaman keris, lan gegaman iku kerep diempakaké. Wong yèn mati jisime diobong, yèn sing mati iku bangsa luhur utawa wong sugih bojo bojoné (randha randhané) padha mèlu obong. = Laki-laki pada memanjangkan rambut, perempuan gelungan konde. Mulai dari muda, orang senang memakai senjata keris dan sering dipakai untuk beradu. Orang mati dibakar jasadnya, jika yang mati bangsa luhur atau orang-orang kaya, istri-istrinya juga ikut dibakar.

Ora adoh saka nagara ana papan kanggo adu adu kéwan utawa uwong utawa kanggo karaméyan liya liyané. Papan iku arané "Bubat" Sang Nata kerep lelana tinggal nagara, ing Blambangan sauruté iya tau dirawuhi. = Tidak jauh dari pusat kerajaan ada tempat untuk adu binatang ataupun orang untuk keramaian. Tempat tersbut dinamakan "Bubat"

Prakara perdagangan iya dadi gedhé banget, awit saka majuning lelayaran kagawa saka kèhing nagara nagara kang kabawah ing Majapait sing kelet letan sagara. Bab kagunan, kayata: ngukir ukir sapepadhané, kombule ing Tanah Jawa Wétan dhèk pungkasané abad kang katelulas, lan ing wiwitané abad kang pat belas, mung baé panggawéné reca reca kang apik apik iku nganggo tuntunaning wong Indhu utawa nurun kagunan Indhu. = Perdagangan berkembang pesat, karena majunya dunia pelayaran hingga manca negara dibawah kekuasaan Majapahit yang dibatasi samudera. Perihal benda milik seperti ukir-ukiran pernah terkenal di Jawa timur di akhir abad-13 atau awal abad 14, namun tata cara pembuatan arca-arca yang bagus tersebut mengikuti tuntunan orang Hindu.

Cekaking carita: Nalika panjenengané Prabu Ayam Wuruk iku, Majapait lagi unggul unggule, samubarang lagi sarwa onjo. Prabu Ayam Wuruk tilar putra kakung miyos saka selir asma "Bhre Wirabhumi" jumeneng Nata ana ing bagéyan kang wétan. Déné kang nggentèni keprabon Majapait putra mantuné Sang Nata, ajejuluk Wikramawardhana (tahun 1389 - 1400). = Singkat cerita: Ketika bertahtanya Prabu Ayam Wuruk, Majapahit sedang jaya-jayanya dalam segala bidang. Prabu Ayam Wuruk menurunkan putra dari perkawinannya dengan selir bernama "Bhre Wirabhumi" yang turut bertahta di wilayah timur. Yang menggantikan Ayam Wuruk adalah putra mantunya bernama Wikramawardhana (tahun 1389 - 1400)

Ing tahun 1400 Sang Prabu sèlèh keprabon, kersané arep mandhita, ananging sapengkeré Sang nata, putra lan sentanané padha rebutan nggentèni keprabon. Prabu Wikramawardhana banjur kapeksa kundur jumeneng ratu manèh nganti tekan tahun 1428. Sajroning jumeneng sing kèri iki Sang Prabu nerusaké merangi santanané kang wus kabanjur ngraman nalika Sang Prabu jengkar saka kraton. = Tahun 1400 sang Prabu turun tahta berkeinginan untuk jadi pendeta, namun sesudahnya putra dan sanak saudaranya berebutan untuk menggantikan tahta. Prabu Wikramawadhana terpaksan kembali lagi untuk bertahta hingga tahun 1428. Selama lanjut bertahta ini, sang Prabu terus memerangi santana (saudara?) yang terlanjur membangkang ketika dia keluar kraton.

Rèhning perang iki nganti suwé dadi nganakaké kapitunan akèh lan karusakan gedhé, awit teluk telukan ing tanah sabrang banjur padha wani mbangkang wus ora gelem kabawah Majapait. Tataning kawula iya banjur rusak. Prakara patèn pinatèn wis dadi lumrah. Akèh wong main lan adu jago totohané gedhéni. = Karena perang yang lama ini berakibat pada rusaknya sistem kerajaan, daerah jajahan di tanah seberang banyak yang membangkang dan tidak tunduk lagi ke Majapahit. Sistem sosial juga rusak. Perkara saling membunuh sudah jadi hal lumrah. banyak orang main adu jago dengan taruhan tinggi.

Ing tahun 1428 - 1447 kang jumeneng nata ratu putri jejuluk Retna Dewi Suhita, putrané Prabu Wikramawardhana saka garwa paminggir. Terusé banjur banjur Prabu Kertawijaya (1447 - 1452) lan manèh Prabu Bhra Hiyang Purwawisyesa (1456 - 1466), Pandan Salas (1446 - 1468), banjur Prabu Bhrawijaya V (1468 - 1478). = Pada tahun 1428 - 1447 yang bertahta adalah putri prabu Wikramawardhana bergerlar Retna Dewi Suhita, hasil perkawinannya dengan istri selir. Raja selanjutnya adalah Prabu Kertawijaya (1447-1452), kemudian Prabu Bhra Hiyang Purwawisesa (1456-1466), Pandan Salas (1446-1468) dan Prabu Brawijaya V (1468-1478).

Mungguh babade ratu ratu kang wekasan iki ora terang, mulané ora disebutaké. Ana ratu ing nagara Keling (salor wétané Kedhiri, sakidul kuloné Surabaya) jejuluk Prabu Ranawijaya Giridrawardhana ngelar jajahan nelukaké Jenggala, Kedhiri lan uga mbedhah Majapait (tahun 1478). Bedhahè Majapait iku kuthané ora dirusak, awit ing tahun 1521 lan 1541 nagara Majapait isih kecrita kutha kang gedhé. = Cerita tentang raja-raja terakhir ini tidak begitu jelas, maka tidak disebutkan. Ada raja di negara Keling (utara timur Kediri, baratdaya Surabaya) bergelar Prabu Ranawijaya Giridrawardhana yang ekspansi menaklukkan Jenggala, Kediri dan menguasai Majapahit (1478). Penguasaan Majapahit tersebut, kotanya tidak dirusak, makanya ditahun 1521 dan 1541, Majapahit masih diceritakan sebagai kota besar.

Suwé suwé kutha Majapait dadi rusak, awit wong wongé kang ora seneng kaerèh ing kraton liya, padha genti genti ninggal negarané, nglèrèg marang tanah Bali. Saiki Majapait mung kari patilasan baé, awujud pager bata tilas mubeng lan tilas gapura (Candhi Tikus, Bajang Ratu). = Lama-lama kota Majapahit jadi rusak, karena penduduknya tidak senang diperintah raja laini maka pada meninggalkan negrinya menuju tanah Bali. Sekarang Majapahit tinggal patilasan saja, berwujud lingkaran pagar batu-bata dan tilas gapura (candi Tikus, Bajang Ratu).

Isih sajroning jaman Majapait, agama Islam wis mlebu saka sathithik, saya suwé saya bisa ngalahaké dayaning agama Indhu ana ing Jawa Wétan. = Selama jaman Majapahit, agama Islam sudah mulai berkembang sedikit demi sedikit dan pada akhirnya mengalahkan pamor agama Hindu di Jawa Timur.

Mungguh kaananing tanah Sundha ing wektu iku ora pati kasumurupan. Sawisé krajan Tarumanagara dhèk abad 4 lan 5, mung ana kang kacarita krajan Sundha ing tahun 1030 nagarané kira kira ing Cibadhak. Enggoné ora ana wong manca kang mlebu mrono, marga saka kèhing bajag kang padha nganggu gawé ing sauruting pasisir. = Disisi lain cerita tentang tanah Sunda jaman tersebut juga tidak jelas. Setelah kerajaan Tarumanegara abad 4 dan 5, cuma ada cerita kerajaan Sunda di tahun 1030 lokasinya disekitar cibadhak. Orang-orang manca malas datang kesana karena sering diganggu perompak disepanjang pesisir pantai.

Ing Priyangan sisih wétan ana krajané aran Galuh, kang ngadegaké ayaké ratu aran Pusaka, ratu liyané jejuluk Wastukencana lan Prabu Wang(g)i. = Di Priangan timur ada kerajaan bernama Galuh yang rajanya bernama Pusaka, raja lain yang pernah dikenal bernama Wastukencana dan Prabu Wangi.

ing tahun 1433 Sang Ratu Dewa iya Raja Purana, ngadegaké kutha anyar aran Pakuan (Batutulis). Karajan iki aran Pajajaran. Tulisan kang ana ing watu kono nerangaké manawa Sang Prabu yasa segaran. Pajajaran semuné krajan rada gedhé lan ngerèhaké Cirebon barang. =Di tahun 1433,sang Ratu Dewa /raja Purana mendirikan kota baru bernama Pakuan (Batutulis). Kerajaan itu bernama Pajajaran. Tulisan dalam beberapa prassati menyebutkan bahwa sang raja senang berlayar. Pajajaran juga dikenal sebagai kerajaan yang lumayan besar kekusaaannya hingga Cirebon.

---- 00 -----

Sumber: "Babad Tanah Djawi" gubahan L. VAN RIJCKEVORSEL, Directeur Normaalschool Muntilan & R.D.S. HADIWIDJANA, Guru Kweekschool Muntilan Pangecapan J.B. Wolters U.M. Groningen - Den Haag - Weltervreden – 1925 by zainal arifin suwito Copyright @October-2009